Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair puisi. Mula ana sing ngarani menawa geguritan iku syair utawa puisi Jawa gagrag anyar. Menawa ing piwulangan Bahasa Indonesia geguritan uga diarani puisi. Mula bisa disimpulake, menawa geguritan iku puisi sing pirantine nganggo basa Jawa.